siip
<script async src="//pagead2.googlesyndication.com/pagead/js/adsbygoogle.js"></script>
<!-- jawakaton_crosscol_AdSense2_728x90_as -->
<ins class="adsbygoogle"
style="display:inline-block;width:728px;height:90px"
data-ad-client="ca-pub-3744485047306534"
data-ad-slot="9943628205"></ins>
<script>
siip
http://jawakaton.blogspot.co.id/
siip
http://jawakaton.blogspot.co.id/
Minggu, 29 Desember 2013
SINESEP PAHIT MADU , MADU MANGSA ..... MANGSA WERUHA ??: PENGAREP - AREP ..
SINESEP PAHIT MADU , MADU MANGSA ..... MANGSA WERUHA ??: PENGAREP - AREP ..: kudung jambonmu Aku rindu kesengsem Kedarang - darang ana pangimpen sing kebak pengalembara, samudraning ati suwung kesilep esem manismu, ...
Senin, 23 Desember 2013
LAYANG
layang iki... wis ora perlu tak ulungake.. wis ben njegideg ana lemari lan tumpukan e kertas2 sing amoh..
layang iki...wis ora migunani... sekabeh e wis iso di waca...
lumantar angin sing sembribit.. lan mabur e peksi sing mencok ana pang metir..
layang iki.. wis ben e kucem ana pawon.... kanggo hurub2 keren..
kabeh wis mlaha .. tan ana kang di gadhang kejaba pengarep2 sing wis nyata..
layang iki... ???
AH,... TAK GEGEM E AE.. mbok menawa isih ana kang gelem maca surasane...
mbok menawa isih ana kang gelem nampa sesuwek krenteg e ati..
layang iki... ,... bakal tak gegem kenceng .. kanggo greget ..
nggayuh gegayuhan sing durung paja2 caket..
nduk... layang iki isih tak gegem... kanggo wacan ing wayah sore..
PENGAREP - AREP ..
kudung jambonmu
Aku rindu kesengsem
Kedarang - darang ana pangimpen sing kebak pengalembara,
samudraning ati suwung kesilep esem manismu,
Nduk cah ayu aku tresna sliramu,
tumekaning wanci tak boyong ana pangkonku,
Ana ndadaku,ana patunggonku,
Karo ngrasak ake aluse drijimu mijeti awakku...
Aku rindu kesengsem
Kedarang - darang ana pangimpen sing kebak pengalembara,
samudraning ati suwung kesilep esem manismu,
Nduk cah ayu aku tresna sliramu,
tumekaning wanci tak boyong ana pangkonku,
Ana ndadaku,ana patunggonku,
Karo ngrasak ake aluse drijimu mijeti awakku...
KEMBANG MEKAR SORE
Dudu sliramu sing sakjane kudu tak tresnani..
nanging kabeh mau wis kebacut..
sego mambu paribasane,tan keno pinangan,,
wis ben e, ora tak getuni...
dik,tak jauk sliramu ikhlas nompo awak ku
iki wis dadi jodhone antarane aku lan sliramu..
di apa'no tetep ngene iki dadine....
najan iki dudu krenteg ku lan karepmu...
ning....awak e kudu....lan kudu lilo legowo..
netepi brayat pulowargo..., sing luwih prayoga...
Dik................ mreneo tak pangku....
sawangen endahe langit biru...
karo ngrasakne sumilire angin...
lan nyawang tetanduran,,,, sing ijo royo-royo
dik...... wiwit dino iki aku bakal nresnani sliramu..
kanthi tekad lan sedyaku...
aku bakal ngayomi sliramu.., lan anak e dewe suk mben...
aku njaluk sumpah prasetyamu....
Dik..............mreneo tak pangku...
karo ngenteni gingsire srengenge...
ing brang kulon kono...
lan nyawang endahe kembang.
sing mekar wayah sore..
Maaaaaaaaaaaaaaaas, semanten ugi atur kulo maring ndiko...,
jiwa raga kulo, wiwit dinten niki kulo pasrahaken amung kagem panjenengan...
Minggu, 22 Desember 2013
Muspra
nduk.... iki tulisan iki aku sing nulis .., mbok menawa sliramu ya isih kelingan nalika mbiyen ing ngisor talok an kene lungguh jejer wong 2[loro],ah..... koyo di elingake marang kenangan rong tahun kepungkur..., nduk tulisan ing wit talok isih ketara durung ilang saipit a,mung bedane mbiyen q nulis ing wit talok iki lan sliramu ,jaman semana sumilire angin nambahi nges rasaku marang sliramu,karo nyawang bocah2 adus ana kali, lan nyawang endahe tetanduran ijo royo2 ..... saiki nduk ...?? q mung ijen lungguh ana gethek ngisor talok kene... tanpa sliramu, tanpa sumilire angin, lan sesawangan mung tanduran garing.., luh temetes nrajang i alas lan ngekes i ati nalikane q kelingan marang sliramu .... umpama mbiyen sliramu ora mangkat nek jakarta tak kira kedadeyane ora bakal kaya ngene,
Nduk ... saiki kreteg lor desa wis di dandani,dalane uga wis alus tekan kidul ndesa, owahing jaman lan mundhak e pembangunan ing desa..., nduk ..?/ sliramu kelingan ora, nalika tak boncengke pit ontel tua nggone mbah buyut mbiyen..?? xixixixi tanganmu ngggegem kenceng kathokku.., liwat dalan pating gronjal, lan kreteg e ciut banget dek semana.., q sak jane ora kuwat nggoncengke ..?? ning kae tak kuat2ne, merga boncengake sliramu.., banjur mampir ana warunge mbah Painah aba wedang teh cilik regane mung Rp 500,- , xkxkxkx "mas,ayo mulih yo mas mengko ndak q di dukani bapak lan sibu wong iki wis sore....." isih kelingan karo penjalukmu mbiyen nduk .., "mas, yen aku dadi kembang..?? mas dadi apane..?? pitakonmu mbiyen karo tak boncengne pit mangkat mulih saka warunge mbah painah.. 'Ya aku dadi tawon e ta nduk......!! wangsulanku... xkxk xkkxk " lha kok dadi tawon e..??? sliramu bali takon maneh ., " lha aku kan iso ngentup sliramu terus....??? HAHAHAHAHAHA ... banjur awak e dewe cekakak an karo gegojegan ing dalan ...,
Nduk .. rong tahun lawase ana jakarta, aku pangkling marang sliramu.. rambutmu sing mbiyen kriting mbrinting saiki wis mbok rebonding dadi lurus lan alus.... nambahi manis e esem mu,sliramu tambah ayu, tambah model nggonmu ngadi sarira lan busana,alismu mbok wenehi ijo2 , lambemu mbok bengesi, nambahi njenggirat pawongan kang mirsani ... uga aku .., nanging nduk...??/ keneng apa sliramu ora kelingan marang prasetya kang wias tinulis ing wit talok iki...?? malah sliramu katon ora nggape marang aruh2ku .... nduk ..?? apa wis malih keblat katresnanmu ....???? rong tahun aku ngenteni balimu ing ngisor wit talok iki... nanging kabeh muspra...... tanpa guna.... sliramu dudu Katiyem sing mbiyen tak tresnani, sing tansah prasaja lan apa anane.... jakarta wis ngrubah sekabeh e lagak lagu lageanmu ,... jakarta wis mretheli tresnamu marang aku .... yen kuwi aku wis nglumah i.. awit aku mung ndesa sing ket mbiyen ora nduwe undhak an apa2 ... sing tetep ngepit ontel tua nggene mbah buyut sing lagi wae patang puluhan dina....,, mbah buyut kulo sambat.
banyu cuwo
Banyu cuwo
Iring banyu garing,
sliramu wis ora eling
medhot tali tresno
mergo drajat banda donya,
ilining luhku iki
ora ngalahke bnyu kali
aduh gusti paringo usodo
rasa tresno kang ngremboko
saiki wis ora ono,
ilang saknaliko
ninggal bekas banyu cuwo
kembang wae melu layu
yen nyawang nasib tresnaku
remuk lebur rasaning atiku
loro ati iki, yen kelingan sumpah janji...
janji suci kang sayekti,
sineksen langit lan bumi
durung nganti kromo,
nanging kowe uwis cidro.
aduh gusti
paringo ngapuro..
kembang-kembang manggis, kowe ilang aku nangis..
nangis tanpo guno,
mergo tresno wis ora ono,
ora ono tombo, kang bisa paring usodo
nganti besuk oncat iki nyowo..
megat tresna
Wewayangan sepisanan ketemu Menur ing kampus isih nandhes ing rasa pangrasaku. Menur kuwi adhi kelasku ing fakultas. Kulitane kuning resik. Eseme ngujiwat. Mripate tansah idhum, gawe adhem ati lanang. Mula akeh Arjuna sing kesengsem, klebu aku.
Ora ngira jebul omahe Menur tunggal desa karo aku. Wektu mahasiswa anyaran, menyang mulih kuliah Menur tansah numpak bis. Biyasane ngadhang bis ing halte ngarep kampus, nuli nyegat bis jurusan jogja .
Saka desane Menur, uga desaku, menyang kampus adohe 2 kilometer. Mula aku nawani Menur supaya bisa boncengan bareng. Saben mulih kuliyah aku tansah liwat halte ngarep kampus, saprelu nawani Menur boncengan. Pisan, pindho, telu, Menur klewa-klewa nampik pangajakku.
Nanging, aku tetap tlaten nyedhaki Menur, supaya atine luluh. Aku duwe prinsip, watu atos yen ditetesi banyu saben dina mesthi bakal bolong. Embuh nganti nawani kaping pira, pungkasane atine Menur luluh lan gelem mulih mbonceng bareng aku.
Critane, wengi kuwi ana adicara ing fakultas nganti wengi. Ing wayah wengi kuwi, bis jurusan klaten jatinom wis ora ana maneh. Mula aku nyegat Menur ing lobi fakultas. Ora let suwe Menur mudhun.
Weruh aku ngadeg ing papan kuwi, Menur nuli ngguyu. Ah rasane ati iki dadi adhem kaya kegrujug banyu es yen nyawang Menur mesem. “Dhik bareng aku ya? Bis jurusan ngetan wis ora ana hlo,” kandhaku alon.
Menur mung meneng. Sajak bingung arep wangsulan. Ya apa ora? “Wis barengan wae! Boncengan kana, Nur. Wengi-wengi ngene yen numpak angkutan umum bisa dipangan wewe gombel kowe,” kandhane Evi, kancane Menur, ceplas-ceplos.
Jalaran Menur mung meneng, mula Evi nyuwara maneh. “Ya Mas. Menur gelem diterke mulih. Iki hlo wis ngguya-ngguyu,” ujare Evi sinambi nyurung awake Menur nganti nabrak aku. Tangane Menur ora sengaja nyekel pundhakku.
“Sori…sori, Mas! Ora sengaja. Evi iki hlo, nakal banget,” ujare Menur.
“Ah ora apa-apa. Gelem ya, Dhik, dak terke mulih?” ujarku nanting. Menur nuli manthuk sinambi ngguyu. Ah… wangsulan sing kaya ngene iki sing dak tunggu nganti patang wulan.
Pungkasane, wiwit wengi kuwi Menur tansah dak boncengke budhal lan mulih kuliyah. Aku wiwit akrab marang kulawargane Menur. Luwih saka kuwi, patang wulan candhake Menur resmi dadi pacarku. Disawang saka solah bawa bapak lan ibune, sajake sarujuk yen Menur dak wengku dadi sisihanku ing tembe mburine.
Nanging, kuwi kabeh lelakon sakdurunge pemilihan kepala desa (pilkades). Rong wulan sakdurunge coblosan, sesambungan asmara sing wis karajut rong taun kuwi ambyar dadi sawalang-walang. Dudu perkara pribadi aku lan Menur, nanging ana gandheng cenenge karo kahanan politik desa.
Beda pilihan calon kepala desa (kades) sing njalari sesrawunganku karo bapake Menur dadi panas. Critane, ing pilkades desaku aku kadhapuk dadi tim suksese Mas Broto. Mas Broto kuwi kakange Bima, kancaku SMA, sing omahe nunggal desa nanging beda kebayanan.
Sesrawunganku karo keluargane Bima pancen raket. Bima dak anggep kayadene sedulur kandung. Bapak ibune Broto dak anggep kaya bapa biyungku dhewe. Semana uga Mas Broto dak anggep kayadene kangmasku kandhung.
Mula lumrah yen aku nyengkuyung lan ngewangi Mas Broto sing njago dadi lurah ing desaku. Ora lumrah yen aku nyengkuyung calon kades liyane. Lumrah uga aku pidhato makantar-kantar kanggo nyengkuyung Mas Broto.
“Mas Broto punika priyayi pinter, resik lan religius. Programipun nggih sae. Ngajak nem-neman dhusun supados sengkut mbangun pertanian desa,” kandhaku ing warung angkringan. Ing panggonan ngendi wae aku tansah promosi Mas Broto.
Nanging sing dadi perkara, jebul sedulure Menur uga ana sing nyalon dadi kades yakuwi Mas Darno. Mas Darno kuwi ponakane bapake Menur. Ya lumrah wae yen kulawargane Menur nyengkuyung ponakane dadikepala desa. Nanging sing ora lumrah kuwi sesambunganku karo Menur dadi gonjang-ganjing kesampluk ombak demokrasi pilkades.
Aku ditanting bapake Menur.
“Sliramu milih pacar apa milih kanca?” pitakone.
Iki pilihan sing abot. Sejatine ora bisa kaya ngono kuwi.
“Sakjane rak ya bisa milah-milah. Endi sing ranah politik? Endi sing ranah asmara? Hla yen kabeh dicampur adhuk, njalari laraning atiku,” batinku nelangsa. Ora ngira yen lelakone dadi kaya ngene.
“Lagi pacaran wae wis wani brontak calon maratuwa! Hla yen wis resmi dadi anak mantu, mesthi bakal nindhes maratuwa!” ngana ukara sing tekan kupingku. Menur dipegsa kulawargane supaya medhot sesambungan katresnan kalawan aku. Kanggone Menur lan kanggoku iki kahanan sing abot.
“Mas, iki kabeh dudu karepku. Nanging, aku ora bisa menggak putusan kulawargaku,” ujare kanthi mingseg-mingseg ing telpon.
Sawise kuwi aku ora bisa mboncengke Menur maneh. Uga ora bisa dolan menyang omahe Menur. Aja maneh ngambah omahe Menur, liwat ngarep omahe Menur wae aku mesthi dialang-alangi. Aku nate nyoba liwat ngarep omah, nanging dicegat pawongan supaya mbalik nengen.
Kahanan desa nyedhaki dina coblosan sansaya panas. Aku didakwa ngelek-elek calon kades Mas Darno, kangmase nakdulur Menur. Pungkasane atine kulawargane Menur dadi pingget, lara ati. Jare, kok tega-tegane? Kok mentalane aku ngelek-elek Mas Darno?
Pungkasane kulawargane Menur dadi tambah nesu, sansaya gething marang aku. “Gek sapa wong sing nyebar wisa ora nggenah kuwi?” batinku nggrantes. Sejatine sak ukara wae aku ora nate ngelek-elek Mas Darno. Patrap lan watakku ora kaya ngono kuwi.
Rampung pilkades kahanan desa sing maune panas bali adhem ayem maneh. Sing atine tatu, wis wiwit pulih maneh. Nanging sesambungan asmaraku tetep wae panas. Kulawargane Menur wis kebacut pingget atine lan ora gelem nampa aku maneh.
Aku ngerti sejatine Menur isih tresna. Nanging, yen saben dina dipenggak bapak ibune supaya ora sesambungan karo aku, suwe-suwe rasa tresna sing wis thukul ngrembaka ing atine Menur mesthi bakal punthes tan bisa semi maneh.
Sawijining wengi telpon gegemku muni. Jebul saka Menur. Aku kaget! Apa ana sing wigati? “Mas iki Bapak gerah ning rumah sakit, kowe mrenea saiki, Mas. Tulungana bapakku. Bapak butuh darah segar. Mung getihmu sing cocog, Mas!” kandhane Menur gupuh sinambi nangis.
Menur crita wis ana pirang-pirang pawongan sing arep donor darah marang bapake, nanging ora ana sing cocog. Pancen golongan darah kuwi klebu ora akeh sing nduweni. Mula tanpa mikir werna-werna aku enggal budhal. Niyatku mung siji, arep tetulung. Ora arep memanfaatkan kesempatan dalam kesempitan.
Tekan rumah sakit kahanane wis gawat. HB-ne bapake Menur ndrawasi. Ambegane wis dibantu tabung oksigen. Getihku enggal diteliti ing kantor Palang Merah Indonesia (PMI) sing panggonane ora adoh sakarumah sakit. Cross check. ”Cocog!” kandhaku bungah. Getihku enggal dijupuk lan pungkasane enggalditranfusi marang bapake Menur.
Rampung kuwi aku enggal pamitan Menur. “Dhik, jalaran wis cukup, aku nyuwun pamit. Salam kagem bapak lan ibu,” kandhaku alon.
“Mas, apa kowe isih nesu karo kulawargaku?” pitakone Menur.
“Ora, Dhik, wiwit biyen mula aku ora nate nesu marang kulawargamu. Aku tansah tresna kulawargamu, mligine sliramu,” ujarku sinambi ambegan landhung.
“Yen ngono aja bali dhisik, Mas. Ibu mau pesen, arep ngendikan wigati karo kowe, Mas,” kandhane Menur kanthi mripat nandhes nyawang aku. Menur enggal mlebu ruang perawatan, nuli metu maneh sinambi nggandheng ibune.
“Matur nuwun ya, Nak. Aja dadi atimu yen wingi-wingi kae Bapak duka marang kowe, amarga krungu kabar sing ora-ora. Nanging pranyata kuwi kabeh ora bener. Jebul ana wong-wong sing patrape kaya Sengkuni, seneng wadul-wadul supaya kisruh. Saiki Bapak lan Ibu wis mangerteni sejatine sliramu kuwi sapa,” ngendikane Ibune Menur.
“Mula, dak jaluk kabeh bisa bali kaya wingi-wingi. Yen arep dolan menyang omah ya mangga. Yen bali maneh kekancan raket karo Menur, Ibu ya tambah seneng. Sing wis ya wis ya, Nak,” nanging aja dadi atimu yen menur malah uwis di lamar karo Sronto , mulane sing gedhe pengapuramu ya nak ... ngendikane ibune Menur wicaksana sinambi nyekel pundhakku.
“Nggih Bu, matur nuwun. Sakmanten ugi kula nggih nyuwun pangapunten. Kula nggih nggadhahi lepat. kula inggih sampun pireng saking rencang - rencang . Kula nggih sampun ngrumaosi yen menika sampun tinakdir dening GUSTI kang maha kuwaos , menungsa amung sadrema anglampahi kemawon bu .." kandhaku karo ngampet seseg lan sinau ikhlas ...
Wengi kuwi aku jumangkah metu saka rumah sakit. di derek ake Menur tekan parkiran karo nggandheng tanganku kenceng , dhik .... iki gegandengan kang pungkasan aku lan sliramu " ... kandhaku karo ngusap luh kang tumetes ing pipi alus e ... Langit ing ndhuwur kana katon peteng dhedhet. Nanging aku nyoba teteg amrih atiku padhang njingglang. Matur nuwun Gusti. mugi keparenga paring kawelasan dateng kula ..... amiin
anganthi
NDUK... sing tansah semampir ana awanganku..
ana dalan etan omah kene.... aku ngadhang sliramu..ngadhang tekamu..
karo nyawang mbulan sing njlarit cilik mungkasi tahun wengi iki..
karo ngalem kemerlap e lintang sing endah sak jembar e langit..
nduk... marang mega ing akasa.. tak takonke pawartamu..
donga pamujiku ..muga tansah tinemu bagya mulya basuki rahayu
ing latar ngarep omah nggadhang gegayuhan sing durung katekan..
nduk.. aja goreh atimu.. lan sungsang penggalihmu..
nduk aja ringkih batinmu..!!
kae... sawangen langit isih jembar bawera ngancani q lan sliramu..
kae...sawangen lintang isih kemerlap nresnani q lan sliramu...
lan rembulan isih kukuh gegondelan ana ing langit... nambani ati kang lungit ..
lan sesuk isih ana srengenge kang aweh pepadhang marang aku lan sliramu..
......
nduk.. aja lali mipil jagung.... mbok menawa kabegjan.. lan akeh begjane..
aja suwung atimu nyebut asmane gusti.. kanggo nambani larane ati..
nduk aja mupus...
dina sesuk isih ana ratan sing kudu di tepak i..
dina sesuk isih ana ara-ara amba kang kudu di ronce..
ngronce lakuning urip... sak tekane atine..
awit sak wis e peteng bakal ana obor kang bakal sumunar..
sing sabar...
aku nunggu tekamu ing wengine mapag tanggal...
Sabtu, 21 Desember 2013
prawan terminal penggung
bis solo jogja ngalor ngidul wira-wiri,wiwit saka kartosura tekan e penggung udakara wis rong jam an, biasane ora semene iki suwene.., nanging iki mau ana alangan nek ndalan , ana renovasi kreteg ing mbesole dadi rada ngrendeti lakune bis sautara., terminal penggung wayah sore.., hawa atis wis ngikis i sekawit gingsire srengenge.. suarane bis sing pating plethor..wis gumanti karo tintrim i wayah lan surak e bocah wadon sing tunggu HIK terminal penggung..., kala mangsa isih ana playune bis banter ngoyak wektu.., terminal penggung wayah sore nggawe senenge wong lanang sing pengin ngudhari kebek e pikiran sing ana utek ke.., bakul2 HIK sing ayu lan gemrapyak ngangenake sapa ae sing wis tau mampir.., omongane sing empuk lan eyub..aweh ancles e pawongan sing padha jajan... sak pirang2 bakul HIK sing manggon ana kono kabeh padha rame ing wayah wengi..., kejaba wedang jahe lan sega welut e sing jozz.., ing kene uga ana jaket kulit sing wis sumadya ngladeni para kakung sing nandhang kasepen.., sawetara tak sruput wedang jahe karo ngemil klepon minangka jajanan e.., dumadak an...
"ngamar mboten mas..??" genduk Deblong alok ..., "hehehehehehe, .. pira mbak yen ngamar..??sing murah wae...??'', "50 sak kamare ya enek ,100 ya enek....","kok beda..??/","yen 50 kuwi mung nutul thok wis mas.......,yen 100 sak kemenge cagak e...?'', "" HAHAHAHAHAHAHAHAHAHAHA...'''', kabeh padha ngguyu cekakakan....., "ora e mbak aku ora nduwe duit lagian, bayaranku wis entek nggo nutup bon mau ...//", ......... , jagongan ana ter minal penggung ora ana jeleh e kabeh nawak ake kesenengan lan bebungah... surgane wong sing sugih duit kanggone wong lanang....
"aku lagi ngenteni Witri e mbak..., awan mau wis sms lan kangsenan mengko ndak gelo yen ora tak pethuk i disik ..,","ooo...... Witri to yadeuh..yadeuh..., koyone mau lagi ngamar yo mbak Sih..??, karo sopir trailer pelabuhan.. wis suwi banget lho jane kok ya durung rampung ki... ngko gek aja2 angel sing nglebok ke..???"...... HAHAHAHAHAHHAHAHA krungu semaure Deblong kabeh ngguyu kemekelen.. guyonan e terminal penggung pancen ana sambung rapet e karo barang saru...., setengah jam aku ngenteni metune Witri saka kamar hotel... sajak e Witri etuk demenan sing wonge sugih dit,sopir trailer pelabuhan sing kathok e motol2 , bubar ngeterke barang import saka jogja, kuwi pancen ngedab2i saben mampir menyang Hik terminal, kabeh podho di bayari nggone jajan opo ae lan piro ae..., "kebeneran iki juragane mampir"... batinku bungah..,aku seneng yen mbarengi dewek e mampir nanging siji sing marai mbesengut atiku, dewek e kencan karo Witri... sawijine wanita tuna susila sing tak tresnani....,sak jane aku ora mentala nyawang dewek e nyambut gawe kaya mangkene...... , nanging Witri ya ora gelem tak rabeni... embuh apa kang dadi musabab e aku ora mangerteni mung wae dewek e tau kandha yen isih nduwe tanggungan adi2 ne sing cacah papat mbutuhake ragat kabeh ........ saka kadoan dewek e mesam-mesem weruh yen aku ngenteni ana wedangan.."Wis suwe mas sampean..??"karo nyaket i lan mbisik i aku saka mburi suarane mlipir githok ku.., rangkulan e sing raket ana nggeger krasa, yen susune sing ukurane 39 kuwi isih atos lan cemekel.... merga lagi wae ngamar karo sopire treiler......
" lagi ae kok Wit..... iki wedang e durung entek..", karo mlinguk marang pasuryane sing
"halah........... ora rugi sing ngenteni kuwi teka2 langsung nyosor........., mulo tak jak ngamar ora gelem jebul enek sing di nteni to....??? genduk Deblong alok....... sawetara aku di elus2 karo Witri .. banjur dewek e lungguh ana pangkonku ............
kinanthi
padha gulangen ing kalbu,ing sasmita amrih lantip,aja pijer mangan nendra,kaprawiran den kaesthi,pesunen sariranira, sudanen dahar lan guling,
dadiya lakunireku,cegah dahar lawan guling,lawan aja sukuan-sukan,anganggowa sawetawis,ala watak e wong suka nyuda prayitnaning batin,
yen wus tititah wong agung,ywa sira gumunggung dhiri,aja nyelakaken wong ala,kang ala lakunireki,nora wurung ngajak - ajak, satemah anenulari,
nadyan asor wijilipun,yen kelakuwane becik,utawa sugih carita,kang dadi misil,yekti pantes raketana,dorapun mundhak kang budi,
wong anom pan wus tamtu,manut marang kang ngadhepi,yen kang ngadhep akeh durjana,tan wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep akeh bongsa,nora wurung dadi maling,
senadyan nora melu,pasti wruh lakuning maling,kaya mangkono sabarang,panggawe ala puniki,sok weruha gelis bisa, yeku panuntuning iblis,
penggawe becik puniku,gampang yen wus di lakoni,angel yen durung linakwan,aras - arasen nglakoni,tur iku den lakonana, mufa'ati badanneki,
yen wong anom iku,ing masa puniki andhap asor dipun bucal,umbag gumunggung ing dhiri,obrol umuk kang den gulang, kumenthus lengus kumaki,
sapa sira sapa ingsun,angalunyat sarta edir,iku lambanging wong ala,nom - noman adoh wong becik, emoh angrungu carita,kang ala miwah kang becik,
carita kang wus kalaku,penggawe ala lawan becik,tindak bener lan becik,tindak bener lan kang salah,kalebu njero caritareki,mulane aran carita,kabeh - kabeh den kawruhi,
mulane wong anom iku,abecik ingkang taberi,jejagongan lan wong tuwa,ingkang sugih kojah ugi,kojah iku warna - warna, ana ala ana becik,
ingkang becik kojahipun,sira anggawa kang remit,ingkang ala singgahana,aja niat anglakoni,lan en awas wong kang kojah ing lair masa puniki,
YASAN DALEM SRI SUSUHUNAN PAKUBUWANA IV
sejatine katresnan
Katresnan iku geguritaning urip sejati
Pepadange sakjroning pepeteng
Biso di gawe nanging ora biso digawe-gawe
Pepadange sakjroning pepeteng
Biso di gawe nanging ora biso digawe-gawe
Katresnan iku kasunyatan ngedohi tumindak dudu
Kayadene: drengki, srei, dahwen lan pati open
Kayadene: drengki, srei, dahwen lan pati open
Katresnan iku larang regane ora biso di tuku
Lan di tiru sarana bandha donya lan raja brana
liyane, jalaran toh-tohane Nyawa
Lan di tiru sarana bandha donya lan raja brana
liyane, jalaran toh-tohane Nyawa
Katresnan iku dalan kang tumuju marang bebener
kebak deneng rasa lan pepadhang
lila lan legawa lair tumusing bathin
kaya dene gegodhongan kang googrok saka uwit
ora ngarep-arep bakal baline
melu ngrasakake panandhanging liyan
kebak deneng rasa lan pepadhang
lila lan legawa lair tumusing bathin
kaya dene gegodhongan kang googrok saka uwit
ora ngarep-arep bakal baline
melu ngrasakake panandhanging liyan
Katresnan iku ora mbedak-bedakakeh
Cendhek duwuring pangkat
Asor Luhuring Drajat
Lan gegebengane urip kang rinasuk
ananing mung welas lan asih
suka pitulung marang sapa bae
Cendhek duwuring pangkat
Asor Luhuring Drajat
Lan gegebengane urip kang rinasuk
ananing mung welas lan asih
suka pitulung marang sapa bae
Katresnan iku prayata umur tuuwa, dudu umur dawa
urip tanpo cacar ing ngarsane Pangeran
Sing nguasai pati lan urip
urip tanpo cacar ing ngarsane Pangeran
Sing nguasai pati lan urip
pasrah
Wis, Jeng…
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku…
Pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku
Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guritan siji…
dhuh simbok
dhuh simbok ...
aku kapok....
pijer gawe simbok tombok
dhuh simbok...
aku kapok ...
uwis mbok ...
aku kapok .....
aku kapok....
pijer gawe simbok tombok
dhuh simbok...
aku kapok ...
uwis mbok ...
aku kapok .....
mung kangenku
jeng ......
apa sliramu uga krasa
yen ana gendhing wirama tresna
ana njero dhadhaku
kebak swara nglangen ing ati
jeng.....
wengiku sepi samun
mung ngalamun
rina wengi
kebak pengarep - arep
muga enggal a bisa ketemu
aku lan sliramu
najan tanpa bandha
mung kangenku
kang bakal dadi sesulih
ing wengi iki
mring sliramu
sinawang mung esemmu
wingi apa gumanti
nggawa adoh ing tengah ratri
embuh ya gene awakku iki
sliramu mesthine ora sengaja
bisa gawe atiku kumanthil
ngebyug i rasa tresna
apa sliramu krasa...????
Langganan:
Postingan (Atom)