siip

<script async src="//pagead2.googlesyndication.com/pagead/js/adsbygoogle.js"></script> <!-- jawakaton_crosscol_AdSense2_728x90_as --> <ins class="adsbygoogle" style="display:inline-block;width:728px;height:90px" data-ad-client="ca-pub-3744485047306534" data-ad-slot="9943628205"></ins> <script>

siip

http://jawakaton.blogspot.co.id/

siip

http://jawakaton.blogspot.co.id/

Minggu, 22 Desember 2013

anganthi


NDUK... sing tansah semampir ana awanganku..
ana dalan etan omah kene.... aku ngadhang sliramu..ngadhang tekamu..
karo nyawang mbulan sing njlarit cilik mungkasi tahun wengi iki..
 karo ngalem kemerlap e lintang sing endah sak jembar e langit..

nduk... marang mega ing akasa.. tak takonke pawartamu..
donga pamujiku ..muga tansah tinemu bagya mulya basuki rahayu
ing latar ngarep omah nggadhang gegayuhan sing durung katekan..
nduk.. aja goreh atimu.. lan sungsang penggalihmu..
nduk aja ringkih batinmu..!!
kae... sawangen langit isih jembar bawera ngancani q lan sliramu..
kae...sawangen lintang isih kemerlap nresnani q lan sliramu...
lan rembulan isih kukuh gegondelan ana ing langit... nambani ati kang lungit ..
lan sesuk isih ana srengenge kang aweh pepadhang marang aku lan sliramu..
......
nduk.. aja lali mipil jagung.... mbok menawa kabegjan.. lan akeh begjane..
aja suwung atimu nyebut asmane gusti.. kanggo nambani larane ati..
nduk aja mupus...
dina sesuk isih ana ratan sing kudu di tepak i..
dina sesuk isih ana ara-ara amba kang kudu di  ronce..
ngronce lakuning urip... sak tekane atine..
awit sak wis e peteng bakal ana obor kang bakal sumunar..
sing sabar...
aku nunggu tekamu ing wengine mapag tanggal...


Tidak ada komentar:

Posting Komentar