padha gulangen ing kalbu,ing sasmita amrih lantip,aja pijer mangan nendra,kaprawiran den kaesthi,pesunen sariranira, sudanen dahar lan guling,
dadiya lakunireku,cegah dahar lawan guling,lawan aja sukuan-sukan,anganggowa sawetawis,ala watak e wong suka nyuda prayitnaning batin,
yen wus tititah wong agung,ywa sira gumunggung dhiri,aja nyelakaken wong ala,kang ala lakunireki,nora wurung ngajak - ajak, satemah anenulari,
nadyan asor wijilipun,yen kelakuwane becik,utawa sugih carita,kang dadi misil,yekti pantes raketana,dorapun mundhak kang budi,
wong anom pan wus tamtu,manut marang kang ngadhepi,yen kang ngadhep akeh durjana,tan wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep akeh bongsa,nora wurung dadi maling,
senadyan nora melu,pasti wruh lakuning maling,kaya mangkono sabarang,panggawe ala puniki,sok weruha gelis bisa, yeku panuntuning iblis,
penggawe becik puniku,gampang yen wus di lakoni,angel yen durung linakwan,aras - arasen nglakoni,tur iku den lakonana, mufa'ati badanneki,
yen wong anom iku,ing masa puniki andhap asor dipun bucal,umbag gumunggung ing dhiri,obrol umuk kang den gulang, kumenthus lengus kumaki,
sapa sira sapa ingsun,angalunyat sarta edir,iku lambanging wong ala,nom - noman adoh wong becik, emoh angrungu carita,kang ala miwah kang becik,
carita kang wus kalaku,penggawe ala lawan becik,tindak bener lan becik,tindak bener lan kang salah,kalebu njero caritareki,mulane aran carita,kabeh - kabeh den kawruhi,
mulane wong anom iku,abecik ingkang taberi,jejagongan lan wong tuwa,ingkang sugih kojah ugi,kojah iku warna - warna, ana ala ana becik,
ingkang becik kojahipun,sira anggawa kang remit,ingkang ala singgahana,aja niat anglakoni,lan en awas wong kang kojah ing lair masa puniki,
YASAN DALEM SRI SUSUHUNAN PAKUBUWANA IV
Tidak ada komentar:
Posting Komentar